Bibit Perkawite Gandrung Banyuwangi (pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 14 Februari 2026 07:12 WIB)
- Opini



Bibit Perkawite Gandrung Banyuwangi (pungkas)
Ditulis ring Eko Budi Setianto

Masiya emeh ring sakdawane lakune gandrung dianggep minangka kesenian hang akeh nabrak tata aturan urip sosial masarakat, merga sing bisa diadohaken teka teradhisi ngombe-ngombe mabuk-mabukan lan maneka anggapan miring liyane, naming kesenian hang lair teka kalangan masarakat Using Banyuwangi iki nyatane magih tetep ana, magih urip lan terus bisa nguripi kesenian iku dhewek sampek jaman milenial seperene.
 
Sampek ring kawitan taun 1970-an, kesenian hang akeh didhemeni wong lanang iki ibarate kaya pusaka hang mara-mara njumbul teka njero lemah. Suwi sing ana rungu kelebate, Gandrung mara-mara njumbul dadi “tokoh” hang akeh dadi gesahane masarakat.
    Minangka sosok kesenian hang (dianggep) bisa makili sipat lan pethithete masarakat Using Banyuwangi, Gandrung dianggep “tokoh” hang bisa nggawe aran Banyuwangi dadi kesuwur ring donya, beleger lan kahanane hang gampang dititeni cirine, dianggep sempurna nggambaraken endahe Banyuwangi hang wis ngelairaken kesenian iku.
    Toraneya sedurunge, Gandrung mung dianggep kesenian wong-wong pinggiran hang mung bisa urip ring pinggiran. Akeh gandrung hang jaja ngamen njuged ring dalan saingga temebluk harkate. Gandrung mung dianggep keseniane masarakat ngingsor hang ambi sebagiyan masarakat liyane dianggep kothor kaya dene dheket utawa romot. Malahan kesenian hang saiki moncer lan kawentar sampek negara manca sak donya iku uga dianggep dadi sumbere kemaksiyatan. Wong-wong tuwek akeh hang sampek sing ngulihi anake ndileng gandrung.
    Setemene mula sing bisa ngalesi lan nyalahaken gok ana anggepan hang gedigu merga ring kalangan gandrung terob mesthi bain ana hang arane omben-ombenan hang nggarai mabuk. Seliyane iku anggepan masarakat gok gandrung iku dhemen kawin pegatan, dhemen singkuh, gampang ngeliya lan sepiturute saya nggenepi wilangane dosa hang nyembur teka pentas kesenian teradhisional iku. Merga anggepan hang gedigu iku sampek ana cerita hang semebar gok ana gandrung hang ngucap sumpah; “Cukup Isun hang dadi Gandrung, aja sampek nyang anak putunisun."
    Sumpah hang keucap teka penari gandrung iku kaya-kaya nduduhaken gok seru petenge jagad kesenian iku. Peteng dhedhete pentas kesenian kuna iku kaya hang dilakoni dhewek nyang para gandrung. Malah saking abote nyangga urip lan ngadhepi gedhene godha dadi penari gandrung, sampek emeh kabeh gandrung ngerasakaken kelendi sara lan lara atine kala dianggep dadi ‘wong gampangan’.
    Saya jeru maning, kabeh gandrung sing ngales gok lakune uripe iku wis kadhung dianggep elek nyang akeh uwong. Mangka cap elek hang paceke ditemepelaken nyang uripe gandrung iku uga akeh dilakoni wong liya hang adoh uripe teka genjot gandrung. Naming apuwa mung gandrung hang uripe dianggep elek lan adoh teka norma hang wis diugemi ring masarakat? Apuwa mung gandrung hang dianggep wis mesthi nganthongi karcis melebu neraka? Sing ana maningtah endane hang lebih elek timbang uripe gandrung?
    Kaya dene hang diceritakaken dhewek nyang para gandrung, nyatane mula ana gandrung hang dhemen nyeliwah lan nabrak wates-wates tata kerama utawane aturan sosial masarakat, kaya hang dianggep ring wong-wong hang sing dhemen nyang gandrung. Naming uga kudu diakoni gok sing kabeh gandrung kaya gedigu. Nyatane ya sing sithik gandrung hang tetep kukuh nggegem lan miloni norma lan aturan sosial hang diugemi masarakat, hang niyate dadi gandrung mung sakperlu golet mangan dan nyambung urip.
    Emane ring pertengahan taun 1970-an, bupati kala iku Djoko Supaat Slamet duwe keyakinan gok gandrung iki kudu diangkat derajate. Iyane ngetokaken perentah gandrung sing ulih ngamen golet picis nang dalanan. Iyane uga merentahaken penata tari Sumitro Hadi nyiptakaken tarian gandrung hang cocog kanggo lare sekolah. Iku kawitane Jejer Gandrung tampil ring pendhapa lan salah siji penarine anak wadone bupati. Sakat iku gandrung mulai sithik-sithik ditampa ring sekolah.
    Kelawan anane Gandrung Sewu saiki, kesuwure gandrung ring antarane lare sekolah saya ndadi. Masiya iku dudu jugedan gandrung hang saktemene hang miloni pakem kayadene Gandrung terob. Merga Gandrung Sewu iki, aran gandrung saya moncer sunare. Wallahualam.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor