Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 15 Februari 2026 07:53 WIB)

(Roncean Cerita) Sepatu ring Paesan - bag 2


(Rocean Cerita) Sepatu ring Paesan - bag 2
Dianggit ring Kang Ujik


    Wanto iku uteke encer. Ekonomi keluwargane hang kurang lancar. Apake wis ninggal sakat iyane kelas telu SD. Mulane megiyet golet pangan kanggo emak lan adhike. Macem-macem hang dilakoni. Sakat teka jaja gedhang goreng, ngideraken es lilin, keliling nyuwun sega sarapan lan jajanan pasar, uga tau dadi loper koran. Nalika SMP uwis belajar makelaran karcis biskop ring Irama, biskop Tengah lan Suazana. Iyane bisa tuku sepidhah jengki nalika pileme Rhoma Irama diputer. Karcis hang kelas 3 tukune Rp 250,-sak lembare,  bisa payu Rp 500,-. Hang kelas 2, tukune Rp 350,- sak lembare, bisa payu Rp 700,-. Lan nalika sekolah ring SMPP golet picise ambi ngamen. Naming, kegiyatan kepramukaane terus dipiloni.  sakat SD kelas 4 sampek SMPP.  Kemah ring endi bain milu, kerja bakti paran bain sing ketinggalan. Mulane, iyane duwe akeh kenalan. Sak liyane patheng, Wanto iku gerapyak lan emeh sekabehane kegiyatan dibisani. Sakat cilik, ngertine umahe ning Wirodayan. Sakat ditinggal mati apake, emake Wanto, Bik Siti, sing gelem umah-umah maning. Dhemen ngerumat anak-anake lan mbukak warung peracangan ring umahe.
   Wanto sekolahe nggawa sepidhah jengki. Kadhang ya melaku jak akehan. Teka ngarepe setadhiyon Diponegoro iku adate akeh lare sekolah hang ndharat ngulonaken. Paling pungkas lare-lare Pelajar SMA 1 Banyuwangi, SMEAN Banyuwangi lan SMPP Banyuwangi. Merga hang sak dalan iku ana SMP lan SMA Belambangan, SMEA lan SMA Diponegoro, SMP Santo Yusuf, SMA Muhammadiyah lan SMA Katolik.
    Nalika jam pelajaran uwis entek, murid hang melebu isuk mudhun. Kelase gentian ambi hang melebu jam 12.00 Wib. Saben wayahe mulih,  Wanto sing aju mulih ning umahe. Iyane nyaberang dalan aju melebu ring Sekolah Luar Biasa (SLB) hang ana ringarepe umah dines Kepala SMPP. Emeh sabendina Yumarsini ngeweruhi. Adate ambi nyangking-nyangking panganan. Paran hang dilakoni Wanto saben mudhun sekolah mesti melebu SLB?
    Nalika dina Sabtu, Yumarsini sengidan-sengidan ngetutaken lakune Wanto. Wanto guyon cekakakan ambi lare-lare tuna netra. Ana hang ambi mangan sega bungkus, ana hang mangan gedhang ambon lan ana hang sedhot-sedhot es pasrah hang diwadhahi pelastik. Salah siji lare tuna netra hang durung kumpul ambi kanca-kancane ning Wanto, diendheg ambi Yumarsini. Panggonane rada adoh.
    “Dhik, Isun Yumarsini, sekolah ring ngarepe SLB iki!” abane Yumarsini ambi rada nahan suwarane.
      “SMPP?” semaure lare iku. Yumarsini manthuk-manthuk. Lali. Aju kaget ambi nutupi cangkeme. “Iyok!” semaure Yumarsini.
     “Isun Rangga!” semaure lare mau. “Ana perlu paran, Bu?” sambung Rangga takon. Yumarsini kaget ambi nutupi raine, merga diceluk Bu.
     “Uwong lanang hang guyon ambi kanca-kancanira iku sapa?” takon Yumarsini mancing-mancing.         
    “Ooooh….Kang Wanto. Iswantoro…! Uwonge dhemen guyon. Sabendina nggawa panganan, kadhang mari sembayang Bedhug aju gendhingan ambi kanca-kanca. Engko Ashar, mulih wis. Gedigu iku, saben dina, Bu!”
     “Iya wis, Sira arep kumpul merana, tah?”
     “Iyok!”
     “Aja ngomong kadhung mari Sun endheg yah!”
     “Enggih, Bu. Siyap!”
      Yumarsini mendheg ring gerumbulane pager kenikir, nulihi jangkahe Rangga sampek gadug kumpul ambi kanca-kancane lan Wanto.
      “Isun iri ambi carane Wanto Urip. Sing gerusah-gerusuh, ngamen golet picis sing isin ketemu kancane sekolah, awehan lan dhemen kumpul-kumpul ambi lare-lare tuna netra. Isun ngerasakaken, uripe Wanto iku mesthine pas-pasan. Taping magih dhemen dum-dum rejeki ning uwong liya. Isun sakat cilik urip ring umah gedhong, ekonomi keluwarga sing tau kurang, membret-membret,  taping keluwarganisun sing tau sedhekah, sing dhemen aweh rejeki ning uwong liya. Sing tau serawung kumpul-kumpul ambi tangga. Isun kudu belajar urip ning Wanto!” batin Yumarsini ambi ngerungokaken suwarane Wanto mangkat gendhingan ngudang lare-lare tuna netra:”….telung jam suwine Isun ngerandhu Rika…ringarepe Lucky dalan Kali Lo kana…teka-teka Rika…digonceng wong liya…nganggo sepidhah cithul….kapuranta…..Sun sapa Rika Sun sapa…..taping suwara wis ketutup donya…Sun celuk Rika Sun celuk…Rika merem kaya uwong ngantuk….mbedhedheg ati iki….nalika mandheg Sun parani…kelawan rasa  ngersula…getem-getem arep ngumbar rasa….sing weruha ya sing weruha….hang nggonceng magih uwyak e dhewek…pungkase cerita kemisinen…Sun jaluk sepura….Isun njaluk sepura….isun njaluk sepura….”
     “Ha, ha, ha…..hang kemisinen Kang Wanto dhewek….!” Poyoke Jiro ambi cekakakan.
     “Pengalaman pribadi, Kang?” takon Jupri ambi kilah-kilah hang arahe sing jelas. Sukur nggelempang. Wanto weruh endhase Jupri iku ring ngisore meja. Sedheng Sorik, turu kemureb, endhase pas ring ngisore Wanto hang lungguh ring kerosi, sikile  methathang. Kadhung uwong liya hang nulih, nawi bain gemuyu ketheng. Taping Wanto wis biyasah ngedhepi hang kaya gedigu iku. Poyokan kono mau mandheg nalika ana suwara quro’ teka corong-corong langgar, tenger arep melebu wektu Ashar.
    “Alak arep Ashar, dulur. Isun nak mulih sulung yah!” jare Wanto.
     “Biyasahe ngimami Ashar sulung aju mulih Rika iku!” abane Didik.
     “Mari Ashar Isun ana kundangan tangga kirim donga. Hang mimpin tahlil, Isun. Dadi aja sampek teka kasep,” semaur Wanto.
     “O… ya uwis kadhung gedigu!” saut Huri.
     “Wekasisun, kadhung sembayang iku ngadhepe aja semerawut,” poyoke Wanto hang kerep ngeweruhi lare-lare SLB iku kadhung sembayang jama’ah, adhepe makmum sing padha. Ana hang ngadhep mojok ngulon ngalor, ana hang ngadhep mojok ngulon ngidul. Malah ana hang muyab. Padha-padha tuna netrane, apus-apus mbecikaken arahe kancane. Eh…diedhepaken ngetan pas. Nalika ruku’ lan sujud, ungkur-ungkuran ambi imame.
    Weruh Wanto ninggalaken lare-lare SLB, Yumarsini mindhik-mindhik metu teka latare SLB aju ngadeg ring ngarepe lawang pager. Apus-apus arep nyegat Lin. Wanto mandheg njangkah ambi nulihi ubah-umike Yumarsini hang ketara gok apus-apus. Sithik akeh Wanto tau belajar Psikologi ning Pak Untung Maksum nalika latihan teater ambi Misdi bedhor.
     “Yum!” sapa Wanto ambi nyenthok tase Yumarsini hang apus-apus kaget.
     “Eh! Gok magih ana ning kene?” jare Yumarsini.
     “Hang mesthine takon gedigu iku, Isun Yum. Kadhung Isun wis emeh sabendina, angger metu teka sekolahan njujuge ya ring SLB iki. Ngerewangi lare-lare ambi nggedhegaken atine makene duwe semangat urip”.
   “Ye….Gedigu….Kadhung gedigu Isun ulih milu belajar kelendi carane urip hang bener!”
     “Lah Sira iki… Apa selawase iki uripira nyelengkrah? Semerawut gedigu?”
    “Ya using…..secara lahir keluwarganisun uwis lebih-lebih. Taping secara batin, kaya garing….Urip kudu serius….nggethu….jarang gesah ambi dulur…..Kadhung kumpul ring umah, wih….sibuk dhewek-dhewek…..!”
    “Ndaneya ambi tangga?”
    “Lah….iku Wan….Iku Wan….hang sampek seperene iki Isun sing duwe pikiran kelendi carane bisa sosialisasi ambi tangga. Pagere latar umah dhuwur….lawang sing tau mbukak….Isun sakat cilik sing tau weruh apak lan emakisun meneng-meneng metu teka umah aju keliling ring umahe tangga-tangga. Aja gedigu. Lebaran iku….lebaran……kabeh uwong padha sanja-sanjaan siji lan sijine, Isun sak keluwarga ningendi?”
      “Ningendi?”takon Wanto.
      “Mudhik….Milu sembayang Id ning masjid gedhi langsung berangkat mudhik teka masjid iku! Sepurane, Isun setemene nyawangi Rika guyon ambi lare-lare SLB iku sakat mau. Malah Isun takon ring sapa iku mau….hem….Rangga….Pokoke sakat engkisuk, Isun milu gabung Rika. Makene Isun bisa munyik, bisa gemuyu kaya lare-lare iku, ” jare Yumarsini.
    “Mangga….Isun sing ngajak uga sing nyegah. Iku kareprika dhewek yara?”
    “Siyap….Liya dina, Isun uga milu belajar nggolet picis dhewek kaya Rika!”
      “Heh…! Sing salah keperungon tah Isun kene mau?”
      “Using…..! Picisisun akeh. Uwong tuwek lebih-lebih ulihe ngirimi. Taping Isun kepingin ngerasakaken, kelendi repote nggolet picis dhewek!”
     Sakat marine gesah sedhela ringarepe latar SLB iku, Wanto lan Yumarsini saya raket. Ring sekolahan runtang-runtung, ring SLB gandheng tangan, saben malem Sabtu lan malem Minggu ngamen keloronan. Dandane Yumarsini wis sing kaya sedurunge hang feminin lan kemayu. Wedhak wis singana hang dienggo. Sakliyane sekolah, iyane sing tau nganggo rok. Celanaan terus.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor