Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-39-40)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 04 September 2023 08:43 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-04-39-40)

Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

sememprong: Pisang yang masih muda.

Wit gedhang iku wohe magih sememprong rubuh keterak udan angin.

gemiwang: Buah padi menjelang kuning (tua).

Sawahe Pa Buwang iku parine wis padha gemiwang.

lateng layaran: Kata yang merupakan tebak-tebakan dengan jawaban: ubur-ubur, hewan laut mirip jamur berwarna putih.

Si Labu lan Si Waluh padha batakan clathune:

Si Lebuh: Lateng layaran iku paran?

Si Waluh mbadhek: uwur-uwur sarta nduweni wisa gatel sok (kerep-red) nurut lakune ombak.

lodhoh: Nama penyakit tanaman padi.

Wit pari iku buru umur 40 dina keneng lelara lodhoh, wite gering godhonge kuning.

gabug: Bulir padi tanpa isi.

Sawahe Pa Bodhos iku tandurane wis gemiwang, saiki gabug keneng walang angin.

walang angin iku arane lelarane pari kang wis ana isine.

nendhang: menabrak dengan sepenuh tenaga.

Si Wadi iku mabuk mlaku nendhang wong mikul kayu, wonge sampe tiba kesereb.

pesut: Membersihkan kotoran menggunakan kain lap.

Si Labu iku nyekel gombal digawe mesut kotoran banyu ring Tengah meja.

besut: Sama dengan pesut.

lèdèp=rèbèh=pecèh: Sakit mata yang susah sembuhnya, di pinggirnya seperti luka berwarna merah.

Si Dahana iku kawit (sakat-red) umur 15 taun tumekane saiki umur 45 taun matane lara ledep.

meseng=meleng: Memasang.

Isun mau bengi meseng kicir ring kali, esuke Sun deleng olih iwak wader, cokol, uceng lan liya-liyane.

kicir: Bubu.

onjèt: Padi sebagai upah bekerja memanen padi.

Mak Selo iku teka nggampung olih onjet telung bentel.

teter: Perangkat petani untuk meratakan tanah sawah sebelum ditanami padi.

Pa Banun iku andoh teter ring kedhokan sawah.

brujul=singkal: Perangkat petani untuk mengolah tanah pertama kali.

Pa Bun iku mikul brujul menyang sawah.

cluring: Buah semacam langsat atau langsep, kulitnya agak tebal dan rasanya asam.

Si Lebuh iku teka kebonan olih cluring.

rèndhèn (besiki): Daun.

Pa Selo mendhet rendhen pisang sapapah.

klendhah: Buah kelapa.

Pa Labu iku teka kebonan mikul klendhah 20 iji.

tègok: Kecipir (sudah pernah dibahas sebelumnya).

sabrang: ubi jalar.

Arane woh kang kependhem, ana telu wernane, kayata: 1. Sabrang endhog, isine kuning kulite putih, 2. Sabrang nyonyah, kulite putih isine putih, lan 3. Sabrang abang, isine putih kulite abang, mungguh rasane padha uga manise.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor